Wednesday, January 25, 2017

Geguritan Basa Jawa




Ngelmu iku


Seumpamane wong mlaku
Aku iki isih mbrangkang
Seumpamane wong mlayu
Aku iki isih mlaku
            Nalika tiba...
            Kudu ana sing ngadekke maneh
            Kayata nggolek ngelmu
            Kudu ana wong kang mbimbing
Ngelmu iku dudu tulisan
Ngelmu iku dudu wacanan
Nanging ngelmu iku
Kalakone kanthi laku






Kewajiban Ojo Dilalekke

Ing sawijining dina
Menungsa mung iso getun
Lakune kayata kewan
Omonge mung pocapan
            Gusti kang wis paring nikmat
            Rina wengi tanpa pitungan
            Nanging sira tetep kufur
            Ra ono syukur babar blas
Elingana sira ngger!
Yen kowe isih ambekan, iku tinakdir
Tinakdir iku, nglairake kewajiban
Lan kewajiban kudu ditanggung jawabke mbesuk






Hakikate Menungsa


Sakwise srengenge mlethek
Jengger podo kluruk
Mbun tetigolan
Lan manuk sesautan
            Ing tlatah iki aku lahir
            Ing tlatah iki aku digedekke
            Nanging biyen lan saiki beda
            Saiki menungsa kurang gedhe pikire
Wit - witan di kethoki
Manuk pada ditembakki
Sajakke sakpenake dhewe
Nanging ora mikir apa dampakke
            Ikulah hakikate menungsa
            Yen mung iso ngrusak di anggap lumrah
            Nanging yen di wenehi coba
            Yekti ndresula

Perjuanganmu
 


Ra ono kang biso nglalekke
Ra sanggup yen ditindhakake
Diwiwiti kanthi rekasa
Uga pungkasaning mulya
            Sliramu berjuang
            Tanpa ana sing kurang
            Tanganmu nyekel pring
            Tekade wis nanceb ing batin
Ora wedi ora mamang
Ora mundur ora sukang
Amung siji tujuanmu
Indonesia ucu saking penjajahan






Amung Mulya ing Pikiran 

Gumregah ing sajroning ati
Lan pikiran kang suci
Yen bisa tinatur
Bumi iki bakal sentosa
            Ora perlu ginawe rame
            Ora perlu ginawe gedhe
            Pancen angel yen ngelakoni
            Biasane amung malah ing lathi
Pengin mulya
Nanging wedi rekasa
Ikulah penyakite menungsa
Becike yen iku diilangna

No comments:

Post a Comment